Postingan

Artikel Bhs Jawa 9 (Kladya K.H/14/X MIPA2)

Gambar
  BANJIR TEKA MANEH       Wis adat saben、tekane mangsa rendheng kang tumiba ing sasi Desember nganti tekan tengah-tengahing April、dibarengi karo pawarta- pawarta kang ana gegayutane karo banyu udan、kayata banjir、angin lesus、lemah longsor、lan liya liyane。Yen wis ngono、kabeh jinis informasi elektronik apadene medhia cetak kang sumebar ing masarakat、kayata radhio、tivi、internet、koran、lan sapanunggalane dikebaki dening pawarta banjir。Wiwit tangi turu nganti arep mapan turu maneh、pawarta banjir ora ana kendhate ngrenggani acara-acara ing medhia kasebut。Durung suwe ing wiwitaning sasi Januari kepungkur、banjir bandhang wis dumadi ing tlatah Jember Jawa Timur lan Wonosobo。Sawise kuwi ganti-gumanti liya dhaerah keterak banjir Kang kalebu banjir gedhe ing wiwitaning taun iki yaiku banjir kang dumadi ing pesisir lor Jawa utawa kondhange disebut pantura Jawa。Banjir kang dumadi ing tlatah iki meh rata saka tlatah kulon kang klebu dhaerah Jawa Barat nganti tekan pesisir sisih wetan kang klebu ing dha