Artikel Bhs Jawa 9 (Kladya K.H/14/X MIPA2)

 BANJIR TEKA MANEH

 

 
Wis adat saben、tekane mangsa rendheng kang tumiba ing sasi Desember nganti tekan tengah-tengahing April、dibarengi karo pawarta- pawarta kang ana gegayutane karo banyu udan、kayata banjir、angin lesus、lemah longsor、lan liya liyane。Yen wis ngono、kabeh jinis informasi elektronik apadene medhia cetak kang sumebar ing masarakat、kayata radhio、tivi、internet、koran、lan sapanunggalane dikebaki dening pawarta banjir。Wiwit tangi turu nganti arep mapan turu maneh、pawarta banjir ora ana kendhate ngrenggani acara-acara ing medhia kasebut。Durung suwe ing wiwitaning sasi Januari kepungkur、banjir bandhang wis dumadi ing tlatah Jember Jawa Timur lan Wonosobo。Sawise kuwi ganti-gumanti liya dhaerah keterak banjir Kang kalebu banjir gedhe ing wiwitaning taun iki yaiku banjir kang dumadi ing pesisir lor Jawa utawa kondhange disebut pantura Jawa。Banjir kang dumadi ing tlatah iki meh rata saka tlatah kulon kang klebu dhaerah Jawa Barat nganti tekan pesisir sisih wetan kang klebu ing dhaerah Jawa Timur。Semono uga dhaerah pesisir Jawa Tengah、kalebu Semarang mangetan lan mangulon ora keri、melu kebanjiran。Malah miturut kabar saka medhia tivi lan surat kabar、ana tlatah kang keleban nganti suwene seminggu luwih、amarga ora asat-asat lan udan tetep grejih。Durung maneh、longsor lan banjir cilik-cilikan ing saben tlatah utawa kabupaten mesthi ana。Tundhone musibah saka banyu udan wis ora bisa diselaki maneh Korban manungsa、raja kaya lan raja brana wis ora bisa kaetung maneh。Saka musibah banjir kasebut yen didelok、saben taune nuduhake ora saya suda nanging suwalike malah saya gedhe lan dhaerah sing kena banjir saya rata。
 

 

Penulis:Kladya Khoirunisa’ Hapsari

Sumber:Scribd.com

Foto:Detik.com

Media:Internet

Narasumber: -

Tanggal Kejadian:03 Maret 2014

Komentar

Postingan populer dari blog ini